Wednesday, January 27, 2010

Semar Ngejawantah Cipta Rasa Karsa


Ing sawijining dina Tono lan Noto anduweni pepinginan tetepungan karo Kaki Semar dhanyange tanah Jawa, kanggo nyengkuyung rencana kuwi Noto wis laku tirakat kang ora entheng yaiku nyuda mangan lan turu, ananging sing tirakatan gur Noto, lha Tono malah enak2an mangan turu, pancen dhasar tukang mangan lan turu. Pas dina candhake, nom noman loro kuwi banjur sila methekel lan tangane gandhengan, Noto kethok tumemen anggone ning cipta sanajan Tono mung gur iso merem karo ngalamun diajeng Ngatemi. Mangkono Tono isih kepenak penake ngalamun Ngatemi, ujug2 sukmane krasa ditarik lan mabur tumuju cahya putih banjur mebu ing sakjerone cahya kuwi. Noto sing bareng2 ngoncat sukmane karo dheweke banjur ngomong "kowe ojo wedi, awake dhewe lagi tumuju ing ngalam Sunyaruri papan dhununge mbah Kaki Semar" banjur kalorone sukmane nom2an mau weruh wong tuwa lemu kang wis ketok sepuh banget lungguh ing dhuwure watu gedhene sak lemari, banjur kalorone marani tumuju marang wong tuwa kasebut lan lungguh banjur uluk salam


Noto : "salam taklim katur dumatheng mbah kaki Semar, mugi2 tansah diparingi karahayon lan karaharjan"

Semar : "weee lhadalah wong tuwa elek kaya aku ketekan putra wayah, ana apa anggerku cah bagus, ketoke ana babagan kang wigati saengga sudi nekani pepundhene nang kene iki"

Noto : "injih leres mekaten mbah, kawula lan sedherek kembar kula namung badhe silaturahim lan nyuwun pepadhang babagan gesang ing ngalam mayapada supados slamet donya lan ing ngalam kalanggengan"

Semar : "yoh nek ngono tak tampa anggonmu ngabekti marang pepundhenmu iki, saiki sira kalorone arep takon babagan apa cah bagus?"

Tono : "anu mbah....buleh nggak nanya nomer togel....eh iya nggo basa jawa ding....anu mbah aku duwe kekarepan ben sugih cepet ora nganggo suwe, kepenake nganggo aji2 apa ya mbah, nek iso njenengan mbok menehi aku lan sedulurku iki ngelmu sing uammpuh lan tokcer bin cespleng..."

Noto : "huuusss ojo kuwanen kowe, dijaga anggonmu le omong, eling Ton ning ngarepmu kuwi pepundhene tanah Jowo sing ngemong para ratu ing tanah Jowo iki"

Tono : "lha luputku apa? lha wong rak yo padha nek matur karo simbahe dhewe to? lha karo simbah ki aku ra tahu basa je...hihihihi...rak nggih mekaten to mbah kaki?"

Semar : "heheheheheh.....bener kandhamu cah bagus, kowe ora usah sungkan marang pepundhenmu iki, amarga aku luwih seneng marang putra wayahku sing ora basa nanging asring tilik marang leluhure tinimbang sing basane mlipit ananging gur tilik leluhure utawa wong tuwane gur setahun sepisan kuwi ya pas riyaya wae....o iya ngger sapa jenengmu?"

Noto : "kula Noto mbah, lha kembaran kula niki naminipun Tono, kawula tuwin Tono nyuwung agunging pangaksami bilih anggenipun kula mriki namung damel simbah mboten sekeca dumatheng manah amargi tutur kula ugi Tono mboten ngangge unggah ungguh lan sembrono dumatheng simbah"

Semar : "ora papa ngger, wis ditiliki putra waya wae aku wis seneng, saiki sira arep takon apa? muga2 aku isa menehi pepadhang"

Noto : "menika mbah, gesang ing ngalam donya menika betah sangu ingkang cekap kangge dibekta ing ngalam kalanggengan, lha kula lan Tono badhe nyuwun pepadhang dumatheng simbah, sangunipun menika napa? napa nggih namung cekap ngibadah ananging ngibadah kula taksih rumaos kirang lan dereng cekap"

Semar : "oalaaah ngono ta? yoh nek ngono tak wenehi pitutur muga2 isa ditampa kanthi manah kang jembar.....ngene ya ngger, ngibadah kuwi namung sak jabane kulit, dadi anggonmu sholat, pasa, lan liya2ne sing kok lakoni ing agama sing kok rasuk kuwi uger sarana supaya sira enggal2 ketemu Gustimu, agama ageming aji, kuwi anduweni arti agama utawa dharma kudu dirumat kaya dene klambi, klambi kuwi tegese sing dienggo sarana kanggo nutupi kulit, dadi klambimu kuwi iso kok apiki sak apik apike ananging isine ya kuwi awakmu tetep wae ajeg amarga anggonmu ngibadah ora khusyuk utawa ora nganggo ning cipta"

Noto : "lajeng kados pundi mbah supados ngibadah menika saget khusyuk?"

Semar : "ngene ya ngger, kabeh kuwi aseline ora cukup namung cipta wae, nanging ya butuh rasa lan karsa, aku precaya sira wis khusyuk anggone ngibadah sacara cipta, nanging uga durung mesthi isa khusyuk sacara rasa lan karsa"

Tono : "sik..sik...mbah sing jenenge cipta, rasa lan karsa kuwi tegese apa mbah?, jan jane aku ya tahu krungu saka panjlentrehane si Noto nanging durung patiha dong dadi malah blong....hihihihi"

Semar : "cipta kuwi kaya dene sila methekel kaya sing kok lakoni ben isa mlebu ing ngalam kene, cipta kuwi kaya dene ngelmu aji aji, dadi gampange cipta kuwi "nggambar" ing pikiran lan anduweni daya, punjere cipta kuwi mapane ana ing antarane alis tengen lan kiwa, kuwi mau panjlentrehan cipta sacara gampang"

Noto : "menawi mekaten, menapa wonten sesambungane antawis cipta lan rasa lan ugi karsa?"

Semar : "mengko siki angger, aja kesusu, sing wigati cobanen pituturku iki dirasakake kanthi manahmu sing paling jero ben isa mudheng, lha saiki tegese rahsa kuwi rasa pangrasa, contone menawa sira dilarani karo uwong liya terus kepiye atimu ngger?"

Tono : "waduh nek kuwi uwonge wis tak mutilasi ben kapok"

Noto : "menawi manut ingkang kula raosaken nggih lara manah kula mbah, nanging mboten ngangge rasa kepingin mutilasi kados Tono"

Semar : "heheheheh, kuwi namung tataran rasa thok dudu rasa pangrasa, rahsa utawi rasa pangrasa iku rasa sakjerone rasa, rasa ing tataran kulit ya kaya sing di rasakke Tono kepingin mutilasi, ananging kuwi uger isih nang kulit utawa nganggo caramu yaiku "emosi sesaat" ingkang jumbuh namung sedhilit, rahsa sakbenere iku jumbuhe terus ana ing sakjerone atimu amarga sliramu wing mudheng sing dikarepke sing gawe urip"

Tono : "ih simbah lebay deh....pake bahasa yg gaul dikit napa mbah? maksud loch gimana? eh.....nganggo basa jawa ding...hihihihi...kepiye maksude mbah, aku ki wong bodho je dadi ora dong"

Semar : "heheheheh...ora papa ngger nganggo basa sak senengmu, simbah ya seneng gojek lho....heheheheh....menawa nganggo basa sing gampang rahsa iku hakekat, srana kanggo ben isa ngrasakake sing jenenge rahsa iku butuh sing jenenge "pengorbanan", lha apa sing dikorbanke?  ya awakmu dhewe lan uripmu sing sedhilit, dadi tegese kanggo nggayuh rahsa sejati kuwi ora gampang, contone, ana uwong kang sikile tugel lan dadi buntung amarga katemah cilaka ing dalan keplindes mobil, lha saka sikil buntung kuwi dheweke dadi asring nyepi dhewe ana ing kamar maneges dumatheng Gusti, suwi saka suwi dheweke mudheng kena apa kok sikile buntung lan nggawe sikil gaweyan kanggo nulungi wong buntung liyane, iki sing jenenge mudheng apa sing dikarepke gawe urip lan iki mau sing diarani rahsa"

Noto : "menika ingkang dipun criyosaken simbah rak nggih rahsa ingkang awrat utawi betah pangorbanan ingkang ageng, menawi conto rahsa ingkang entheng kepripun mbah?"

Semar : "heheheheh...bener sing dadi pangujarmu ngger, conto rahsa ingkang gampang yaiku menawa sira dilarani atine karo uwong liya, menawa atimu isa tatag lan sabar sukur2 ndongakke kabecikan marang uwong sing nglarani mau tegese sira wis jumbuh rahsane, dadi rahsa iku ya gampang ya angel, gampang menawa sira naduweni kaweruhan kang sarwa apik, angel menawa kaweruhan sira sarwa ala"

Tono : "lha nek ngono ben tak buntungi wae tangan lan sikilku ben isa nggayuh rahsa sing gedhe, rak ngono to mbah....hihihihihi"

Semar : "ora ngono kuwi tegese angger cah bagus, contoku kuwi menawa sira entuk pacoban, kamangka pacoban kuwi anugrah saka Gusti supaya isa nggayuh rasa pangrasa kang sakbenere, sira kudu ngerti pacoban kuwi isa arupa bebendhu lan kamulyan, pacoban arupa kamulyan iku luwih angel luluse tinimbang kang awujud bebendhu, pramila simbah dhek jaman kabuyutan mbiyen ngripta maneka werna lelaku awujud tapa ngeli, tapa pendhem, tapa ngalong lan sak panunggale, tapa ngeli tegese urip iku kudu isa melu lakune banyu bening kaline awake dhewe, kabeh banyu bening iku tumuju samuderaning ngelmune Gusti, tapa pendhem duwe teges urip iku aja lali marang asale, amarga asale manungsa saka lemah lan kudune ya nyawiji karo asale mau kasebut, uga lemah iku dhununge ana ngisor anduweni teges menungsa kudhu duwe watak andhap asor, tapa ngalong tegese manungsa iku uripe gumantung marang wit panguripan, wit panguripan iku asale saka wetan utawa wiwitan, wiwitan iku kang diarani sing paling wiwit saka urip yaiku Gusti, iki kang diarani sangkan paraning dumadi"

Noto : "lajeng menawi sakniki kok kathah ingkang lelaku tapa tapa ingkang dijlentrehaken simbah namung kangge nggayuh ngelmu kasekten, menika luput napa mboten mbah?"

Semar : "aku ora isa ngarani iki bener kae luput, amarga kabeh kuwi gumantung marang niyate, jaman mbiyen simbah ngripta lelaku lelaku mau niyate kanggo nyedhakake marang Gusti, amarga lelaku sing tak jlentrehake mau wis klebu sing diarani olah cipta lan rahsa, cipta wening pikiran lan rahsa ngrasakake abote laku kanthi manah kang tatag lan sabar uga sukur, menawa sira isa nggathukake cipta wening lan rahsa kanthi sampurna, sira patut sinebut lelananging jagat kaya dene Arjuna"

Tono : "hihihi...lelananging jagat....hmmm...ketoke aku wis memper karo Arjuna....muga2 mripate Ngatemi delok aku kaya delok Arjuna.....lha terus sing diarani karsa iku apa mbah?"

Semar : "karsa iku tumindhak utawa isa sinebut kekarepan, kekarepan kang ditindhakake iku kang diarani karsa, menawa ing jagat pewayangan karsa iku maujud ing wayang Werkudara, nalika Sembadra kepingin nurunake ratu saka Arjuna, Sembadra banjur adus ing kali Serayu utawa sir rahayu kang tuke saka tuk Bimalukar ing Dieng kana, Sembadra kang ngandhut cipta rahsane Arjuna banjur di adusi nganggo karsane Werkudara yaiku kali Serayu lan mangkono lair jabang bayine diarani Abimanyu utawa Bimanyu utawa anake Bima"

Tono : "waduh dadi Sembadra selingkuh karo Bima.....nek aku dadi Arjuna iso tak mutilasi si Bima sanajan kangmas ku dhewe....."

Semar : "iki dudu ngrembug babagan perkara urip menungsa, elinga ngger, wayang iku pralambang watak2 ing sakjeroning manungsa, dadi Abimanyu iku pralambang cipta, rahsa lan karsane pendhawa senajan Abimanyu gugur ing Barathayudha nanging nurunake ratu kang asmane Parikesit"

Noto : "banjur menapa sebatanipun gumolonge cipta rahsa lan karsa menika mbah"

Semar : "cipta rahsa lan karsa dadi siji iku kang sinebut Triwikrama, Prabu Kresa Triwikrama dadi buta, Prabu Puntadewa triwikrama ya dadi buta kang asmane dewa Amral, namung simbah kang triwikrama dadi dewa amarga simbah iki pralambang bathok bolu isi madu tegese sanajan ala nanging duwe isi kabecikan kang sakbenere, mula ta ngger sak becik becike uripmu kuwi bisaa migunani marang wong liya, sira isa duwe watak kaya dewa nanging menawa ora isa ngejawantah watakmu kuwi mila menawa sira Triwikrama malah dadi buta"

Noto : "kula mangertos mbah, lajeng pawujudipun triwikrama menika kangge tiyang limrah menika napa mbah?"

Semar : "Triwikrama kang awujud buta utawa dewa iku uger ana ing pewayangan ngger, sing baku Triwikrama iku malah ora ana apa apa, sejatine ora ana apa apa, ora ana wujud lan sejatine Gusti iku ora ana"

Tono : "lho kok simbah ngomong "sejatine Gusti iku ora ana" simbah mengko dicap kapir lho karo MUI....hihihihi"

Semar : "heheheheheh.....MUI iku urusane menungsa ing mayapada, ing Sunyaruri kene wis ora urusan karo babagan kapir utawa kapiran...sing tak karepke saka ukara "sejatine Gusti iku ora ana" ya Gusti miturut anggepanmu dhewe, ing ngalam sunyaruri kene duwe ateges awang uwung, ning no utawi neng ning nung nang, wewujudan wong tuwa elek lungguh nang watu ing ngarepmu iki uger wujud panganggepmu dhewe ngger, Semar iku tegese samar samar utawa antara ana lan ora, ana yen dianggep ana, ora yen dianggep ora ana, sejatine iku ora ana apa apa, sing ana sing kandha "ora ana apa apa", iki kang sinebut murwa kala, murwa kandha, murwa kala tegese mardhika saka "pakunjaran" wektu/kala, murwa kandha tegese tembung sak dhuwure tembung yaiku ora ana tembung. Dadi  Gusti iku uger sebutane cara manungsa, asline Gusti kang sejati iku dudu penganggepe manungsa, Gusti ya Gusti kang tan kena kinaya ngapa. Kabeh mau kuwi isa kok rasakake nalika sira Triwikrama utawa gumolonge cipta, rahsa lan karsa"

Tono : "wah dadi simbah ki ora ana to? waduh tiwas gentur tapa dadi buta mangan turu ya malah pungkasane nemu sing ora ana"

Semar : "heheheheheh....angger cah bagus Tono, sira iku asline ganteng ora elek kaya buta, sira rumangsa buta iku rak panganggepmu dhewe, aku seneng marang sira amarga sira omonge cablaka apa anane ora ana kang disingkeri, sing dadi pepundhene tanah Jawa ya sing dadi pamomong para ratu iku sakjane ya gumolonge cipta rahsa lan karsa utawa Triwikrama, panganggepe manungsa ing tanah Jawa saiki pepundhene mawujud wong tuwa wungkuk, elek, lemu kang arane Semar, elinga ngger Semar sejati kuwi ora ana apa apa, mula sira aja precaya ngono wae marang kang ngaku ngaku titisane Semar utawa kerawuhan Semar"

Noto : "sendika dhawuh mbah, kula lan Tono insya Allah nglakoni napa kang dadi pituture mbah kaki Semar, lajeng napa pitutur kang pungkasan mliginipun kangge kula lan Tono?"

Semar : "kanggo Tono, ngger atimu kuwi apik, omongmu cablaka apa anane, sanajan sira ora isa wening cipta kanthi apik nanging sira anduweni kaluwihan isa maca pralambang pralambang kanthi trawaca, mula iku dadi kanugrahanmu, menawa sira sukur marang kanugrahanmu mila sira isa nggayuh kang sira karepke kanthi cara kang sira ora isa bedhek. Lan kanggo sira Noto, sira uga duwe kanugrahan kang padha karo sedulurmu Tono, ananging sira isa wening cipta kanthi apik mila sira kudu luwih akeh rasa sukure supaya sira slamet anggone lumampah ing ngalam mayapada, pawelingku "kaluwihanmu kudu ndadekake lan tumuju marang kang sejati lan sejati kang duwe kaluwihan utawa jatikluwih"........."


blog comments powered by Disqus